Selasa, 13 September 2011

PIDATO BAHASA JAWA

Mudha - Mudhi Karang Taruna

Nuwun
Salam pembuka, Bapak - bapak saha Ibu - ibu ingkang kula urmati.
Adhik - adhik mudha - mudhi Karang Taruna ingkang kula tresnani.
       Sadaya puji syukur konjuk ing ngarsanipun Gusti Allah ingkang Maha Agung, awit sedaya sampun saged kempal ing ngriki, saperlu ngadani pepanggihan mudha - mudhi. Punika mracihnani, bilih sedaya taksih piayungan ing berkahipun Gusti ingkang Maha Agung.
       Adhik - adhik mudha - mudhi Karang Taruna ingkang kula tresnani, kula minangka ketua Karang Taruna ing Dhusun Suka Mundur, rumaos suka bagya awit adhik - adhik sampun gadhah tekad kempal wonten ing wadhah Karang Taruna punika. Punika mratandhani bilih adhik- adhik kalebet mudha - mudhi, ingkang sadhar dhumateng maknaning kamanunggalan utawi  persatuan lan kesatuan.
       Awit saking punika, kula gadhang mugi adhik - adhik tansah nindakaken pakaryan - pakaryan ingkang saged murakabi tumraping alam pembangunan punika. Adhik - adhik ingkang gadhah kagunan punapa kemawon, sageda nularaken kagunan punika dhateng adhik - adhik sanes, murih sedaya adhik - adhik saged tambah seserapanipun lan saged nambah kemajenganing pasinaon.
       Kula kinten kurang wicaksana manawi andharan kula kathah - kathath, pramila kula cekapi semanten. Nyuwun pangapunten.